Geguritan
29th March 2010 | By: Riyadi
DHAPUR PRING APUS
rerambatan dhapur pring apus
persasat ati saya mupus
candrane blekithi jumangkah
anggro sru sumbar ing jaban rangkah
kalimput ing lugut-lugut
prandene tan kengguh ing pakewuh
lumarap mrambat rantap-rantap
rintip ngibrit ngambah carang-carang
anganthi rowang denceng-dencengan
mbreganggang wewara ati growang-growang
ujar linambar jroning lathi
kumecap mratanda siji mboko siji
tan ana kang ngerti
lamun iku darmaning bekti
mumbul jumedhul ing ron gumandhul
nglangak ratekak, nginguk kejlungup
rasaning ati kumleyang kabur kanginan
jroning rasa tansah ngiwi-iwi
rerambatan dhapur pring apus
persasat ati saya mupus
Tweet
Home| Category: puisi | Trackback URI
Tulisan sebelumnya: « PROF.DR ABDULRACHMAN SALEH DAN NDALEM SINERAN WUNUT
Tulisan sesudahnya: Dialog »
Tulisan sesudahnya: Dialog »





akang blog tolong bisa di translate ke bahasa indonesia…
[Reply]
Ho oh jane seneng yen ngrungoke sing lagi ndalang, trus ditambah trok thok thok thok … palune muni, mung ra mudeng artine, maklum aku ki wong kampuang he he
[Reply]